Senin, 12 September 2011

Lakuning Wektu : Eko Wahyudi


Lakuning Wektu

Dakranggeh pucuking pandom wektu
Saderma takon ; apa isih ana kalodhangan
Kanggo unjal ambegan
Tak tik tak tik tak tik
Tinabuh swara dahuru kinerig
Sedheng lungguhmu bae durung kober mingset
Alun-alun kutharaja wus mbabar sewu reribet
Tapel wates isih sinengker kekes
Ing gegana ginantung tangis bayi kelangan bapa
Ing tanah sabrang mung ana sesambat sewu panandhang

O...
Geneya aku isih mbegegeg
Kasengsem esemu kang ngujiwat
Dina kawuri mentas mumbul ngawiyat
Impenku isih padha wengi iki
Kandheg ing tengah ara-ara
Lor kidul wetan kulon
Watese mung sesinglon
Laku iki dadi tanpa waton
Marang srengenge kang lagi tengange
Daknunuti nasib lan greget
Senajan kari ugat-uget
Aku emoh kalah marang kanyatan
Kang asring numpes kekarepan
Dakenteni angslup lan mijilmu ing bang wetan
Dakpepere pepalang
Sinurung sunarmu sinorot aweh pepadhang

Kebumen 20110912

Tidak ada komentar:

Posting Komentar